- Waseso Segoro
- Tunggak semi
- Satriyo wibowo
- Sumur sinobo
- Satrio wirang
- Bumi kapetak
- Lebu katiup angin
Cara petunge mengkene :
Contoh : Siti nikah karo Joko
Siti lahir dino Kemis legi lan Joko lahir dino Seloso pahing.
Neptu : Kemis legi = 8 + 5 = 13
Seloso pahing = 3 + 9 = 12
Jumlah = 11+14= 25
Terus di poro 7.
(25 : 7) sisane = 4 ,siso 4 diarani : Sumur Sinobo.
Tegese bakal nemoni kebecikan ,cocok menowo dadi pemimpin,lan pantes dadi tepo tulodo kanggo tonggo kiwo tengen.
Dadi yen sisane :
- Siso 1 diarani Waseso Segoro : Tegese gede wibawane lan jembar wasesane,utawa akeh pengalamane.
- Siso 2 diarani Tunggak semi : Tegese gede rezekine lan tansah kecukupan.
- Siso 3 diarani Satriyo wibowo : Tegese tansah oleh kamulyan lan pakurmatan.
- Siso 4 diarani Sumur Sinobo : Tegese tansah nemoni kebecikan, cocok menowo dadi pemimpin,lan dadi tepo tulodo kanggo tonggo kiwo tengen.
- Siso 5 diarani Satriyo wirang :Tegese tansah nemoni rekoso lan kewirangan.
- Siso 6 diarani Bumi kapetak : Tegese tabah ngadepi kasangsaran,peteng atine.
- Siso 7 diarani Lebu katiup angin : Tegese tansah nemoni kasangsaran lan kesusahan.
No comments:
Post a Comment